Standar kompetensi:
1. Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana
lisan sederhana (dongeng) dalam ragam bahasa tertentu.
2. Mampu mengungkapkan gagasan dan perasaan secara
lisan tentang nama dan fungsi anggota tubuh serta benda-benda di sekitar sesuai
dengan unggah-ungguh.
3. Mampu membaca dengan lafal dan intonasi yang
benar serta memahami isi teks.
4. Mampu menulis kalimat sederhana dengan huruf lepas, sambung, dan dikte.
kompetensi dasar:
1.1 Mendengarkan pesan lisan dalam ragam ngoko dan
ngoko alus.
2.1 Menyebutkan nama dan fungsi anggota tubuh serta
benda di sekitarnya.
3.1 Membaca
nyaring
4.1 Menulis kalimat sederhana.
A.
Nyemak
Ngrungokake Piweling
Semaken anggone gurumu macakake wacan babagan piweling ing
ngisor iki!
Jam istirahat wis rampung.
Bocah-bocah kelas 1 padha mlebu kelas.
Wancine pelajaran basa Jawa.
Ora let suwe Pak guru wis rawuh.
Asmane
pak guru mau Pak Sudirja.
Pak guru ngendika menawa dadi bocah iku kudu:
1.
Bekti marang Gusti Allah
kang gawe urip.
2.
Bekti marang wong tuwa kang
wis nggulawenthah (merawat) wiwit ing kandhungan.
3.
Bekti marang guru kang wis
ngajari maneka ilmu.
Iku piwelinge pak guru marang para siswa supaya tansah
diugemi.
Tugas mandiri
Golekana tembung kramane saka tembung ngoko ing ngisor iki!
No.
|
Ngoko
|
Krama
|
1.
|
Krasa
|
................................................
|
2.
|
Kurang
|
................................................
|
3.
|
Maju
|
................................................
|
4.
|
Banyu
|
................................................
|
5.
|
Gampang
|
................................................
|
6.
|
Lima
|
................................................
|
7.
|
Putih
|
................................................
|
8.
|
Lara
|
................................................
|
9.
|
Abang
|
................................................
|
10.
|
Sepuluh
|
................................................
|
Wangsulan
:
1.
raos 6. gangsal
2.
kirang 7. pethak
3.
majeng 8. sakit/gerah
4.
toya 9.
abrit
5. gampil 10.
sedasa
Tugas kelompok
Wangsulana
pitakon-pitakon ing ngisor iki bebarengan karo kanca-kancamu!
1. Sapa kang diwenehi piweling?
Wangsulan
: Bocah-bocah kelas 1
2. Tulisna tuladha piweling kang becik, saliyane kang ana ing wacan!
Wangsulan
: kawicaksanan guru
3. Apa isine piweling mau?
Wangsulan
: sampun cetha
4. Sapa kang menehi piweling?
Wangsulan
: pak guru Sudirja
5. Apa tegese nggulawenthah iku?
Wangsulan
: merawat
B. Micara
Ngandharake
jeneng lan gunane piranti omah
Gatekana gambare lan wacanen tulisane!
Gambar
|
Jeneng
|
(gambar lemari)
|
Lemari
|
(gambar kursi)
|
Kursi
|
(gambar meja)
|
Meja
|
(gambar piring)
|
Piring
|
(gambar radhio)
|
Radhio
|
(gambar sandhal)
|
Sandhal
|
(gambar tipi)
|
Tipi
|
(gambar sendhok)
|
Sendhok
|
Tes Mandhiri
Tulisen
jenenge piranti ing ngisor iki, banjur tulisen gunane!
No.
|
Gambar
|
Pitakonan
|
1.
|
(gambar tikar )
|
Jenenge yaiku .....
Gunane kanggo .....
|
2.
|
(gambar HP )
|
Jenenge yaiku .....
Gunane kanggo .....
|
3.
|
(gambar sepatu )
|
Jenenge yaiku .....
Gunane kanggo .....
|
4.
|
(gambar meja )
|
Jenenge yaiku .....
Gunane kanggo .....
|
5.
|
(gambar radhio )
|
Jenenge yaiku .....
Gunane kanggo .....
|
Wangsulan :
1. tikar, kanggo lungguh
2. HP, kanggo komunikasi
3. sepatu, kanggo lambaran sikil
4. meja, kanggo nyelehke barang
5. radhio, kanggo ngrungokake lagu lan berita
Tugas
kelompok
Tulisen piranti-piranti kang ana ing ruwang tamu lan papan
paturonmu! Tulisen ing papan ngisor iki!
Papan
|
Piranti
|
1. Papan
paturonmu
|
kasur, ...............................................................................................
..........................................................................................................
..........................................................................................................
|
1. Ruang
tamu
|
kursi, ................................................................................................
..........................................................................................................
..........................................................................................................
|
Wangsulan :
1. kasur, guling, bantal, kemul lsp.
1. kasur, guling, bantal, kemul lsp.
2. kursi, meja, asbak, pot lan
kembang lsp.
C. Micara
Maca seru
Wacanen kanthi seru!
Awas Banjir
(gambar
banjir)
Udane
deres tanpa leren.
Pancen
wis wayah rendheng.
Saben
dina mesthi udan.
Saka
esuk nganti mbengi.
Desa
Ngasem cedhak kali Pepe.
Sing
kondhang banyune gedhe lan banter.
Warga
Ngasem pada sayuk ngresiki got.
Nandur
wit ing papan sing longgar.
Menawa
udan teka ora buntet lan banjir.
Nyota
kabukti menawa udan deres lancar ora banjir.
Tugas mandiri
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki, adhedhasar wacan
ing dhuwur! Garapen karo kanca sabangkumu!
1. Kepiye kali Pepe iku?
Wangsulan : kali sing kondhang banyune
gedhe lan banter.
2. Kali apa sing cedak desa Ngasem?
Wangsulan : kali Pepe
3. Apa isi/surasane wacan ing dhuwur kuwi?
Wangsulan : nanggulangi banjir
4. Padha ngapa desa Ngasem ben ora banjir?
Wangsulan : ngresiki got lan Nandur wit
5. Mangsa apa yen kerep udan?
Wangsulan : mangsa rendheng
Tugas kelompok
Bebarengan karo kancamu, tembang ing ngisor iki Wacanen banjur tembangna!
Suwe Ora Jamu
Wis suwe ora jamu
Jamu godhong telo
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan dadi lega
D. Nulis
Nulis
Latin Jejeg Disambung
Gatekna
cara nulis aksara jejeg disambung ing ngisor iki!
1. Roni tuku permen.
(tulisan latin)
2. Rara lagi mlaku.
(tulisan latin)
3. Simbah dhahar soto.
(tulisan latin)
4. Mbak Rokha maca
buku.
(tulisan latin)
5. Simbah nembe sare
(tulisan latin)
Tugas
Mandiri
Ukara ing ngisor iki gantinen dadi
tulisan latin jejeg disambung! banjur wacanen!
1. Rika mangan bakso
2. Dodi ngombe susu
3. Aku lagi maca
4. Silvi tuku kembang
5. Boneka pandha abang
Tugas
Kelompok
Tembung-tembung
ing ngisor iki tatanen bareng karo kanca-kancamu,
banjur tulisen nganggo aksara jejeg disambung!
1. lagi –
Deki – bal
balan
Wangsulan:
2. sregep – padha –
sinau
Wangsulan:
3. Mbak tri – gedhang
– nggoreng
Wangsulan:
4. numpak – Rina –
sekolah – mangkat – bis
Wangsulan:
5. kantor – tindak – Bapak
Wangsulan:
0 Komentar untuk "Materi Bahasa Jawa SD kelas 1/2 (Pelajaran I)"