Soal + Kunci Jawaban Semesteran Bahasa Jawa SD kelas 1 Semester II


Daftar Isi :
Materi Bahasa Jawa SD

I.   Wacanen kanthi premati!
Dolanan Boneka
Nia duwe boneka akeh,
dheweke senengane dolanan karo boneka-boneka iku
diajak guneman lan diajak dolanan
kabeh jinise boneka.

Nia seneng
saben ulangan bijine apik.
Nia oleh hadhiah boneka
saka bapak ibune
mulane Nia dadi sregep sinau.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.   Sapa sing duwe boneka akeh?  
      Wangsulan:  nia
2.   Kepriye carane Nia dolanan boneka?                   
     Wangsulan:  diajak guneman lan diajak dolanan
3.   Saben apa Nia olah hadhiah?                               
     Wangsulan:  saben ulangan bijine apik.
4.   Sapa sing menehi hadhiah?                       
      Wangsulan:  bapak ibune
5.   Nia sregep apa?
      Wangsulan :  sinau

II.  Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, utawa c ing sangarepe wangsulan kang bener!
1.   Anggone nendhang bal iku nganggo ….
      a.   tangan
      b.   gundhul
      c.   sikil
      Wangsulan: c 

2.   Menawa ketemu guru ing wayah esuk apike matur ….
      a.   sugeng dalu
      b.   sugeng siyang
      c.   sugeng enjing
      Wangsulan: c  

3.   Doni mangan wedang
      Tembung ing ukara dhuwur sing kliru yaiku .…
      a.   Doni
      b.   mangan
      c.   wedang
      Wangsulan: b  

4.   Ukara sing cocog karo gambar ing sisih kiwa yaiku .…
      a.   Agung lagi mangan.
      b.   Agung lagi mangsak
      c.   Agung lagi dolanan sega.
      Wangsulan: a  

5.   Kewan kang gaweane ngisep sarine madu yaiku ….
      a.   uler                        c.   ula
      b.   tawon
      Wangsulan: b  

6.   Surasane tembang cublak-cublak suweng yaiku ….
      a.   susah                      c.   seneng           
      b.   sedhih
      Wangsulan: c  

7.   Cacahe rodha gambar ing ngisor yaiku ….
      a.   2
      b.   3
      c.   4
      Wangsulan: b  

8.   (1) Damar adus
      (2) Damar ngresiki omah
      (3) Damar tangi jam 5
      (4) Damar mangkat sekolah
      Urut-urutane kegiyatane Damar kang bener yaiku ….
       a.   3 – 4 – 2 – 1          c.   1 – 2 – 3 – 4
       b.   3 – 2 – 1 – 4
       Wangsulan: b 

9.   Kuwajibane bocah sekolah yaiku ….
      a.   Sinau                     c.   Nyambut gawe         
      b.   Dolan
      Wangsulan: a 

10. Gambar ing sisih kiwa jenenge ... gunane kanggo ....
      a.   mangkok – mangan
      b.   gelas – ngombe
      c.   baki – mangan
      Wangsulan: b

III. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang trep!
1.   Dewi seneng ... amarga cita-citane dadi penyanyi.
      Wangsulan:   nyanyi
2.   Menawa diwenehi dhuwit dening simbah becike matur ....
      Wangsulan:    maturnuwun   
3.   Sepatune ... supaya kempling.
      Wangsulan:   disemir
4.   Gawe omah kudu diwenehi ... supaya hawa bisa mlebu.
      Wangsulan:   jendhela
5.   Ban sepedhane Jaka mbledhos, swarane ....       
      Wangsulan:   dor
6.   Aku ... kembang mawar amarga ambune wangi.
      Wangsulan:   seneng
7.   Kebo iku sikile ana ....
      Wangsulan:    papat
8.   Asem iku rasane ....        
      Wangsulan:   kecut    
9.   Kewan sing duwe tlale arane ....
      Wangsulan:   gajah
10. Buah iku akeh ngandhut vitamin ....      
      Wangsulan:   c

IV.      Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisir iki kanthi bener!
1.   Critakna kegiatanmu wiwit tangi turu nganti mangkat sekolah!
      Wangsulan:   kreativitas siswa
2.   Apa kang koktindakake menawa ibumu lagi lara?         
      Wangsulan:   kreativitas siswa
3.   Apa warnane sragam sekolahmu?
       Wangsulan:  miturut sragame saben sekolah
4.   Tulisna loro wae kasenenganmu lan alesane!
      Wangsulan:  kreativitas siswa
5.   Apa kang koktindakake menawa kancamu lagi padu?  
      Wangsulan:  misah lan ngandani manawa karo kanca kuwi kudu rukun.



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal + Kunci Jawaban Semesteran Bahasa Jawa SD kelas 1 Semester II"

Back To Top