Geguritan puisi jawa terorisme ora isis


Ora Isis

Sumribrite angin wus gusis
ora isis
kaya nalika aku lungguh
sapinggire kalen kulon omah
Sinambi nyedhot udud klobot
Angin wengi iki rumangsaku beda
Gandane arum
nanging ana saperangan crita bacin
kang njumbul
Nutupi utek lan jerone ati

Crita kang ngandharake,
nalika sikil wus ora bisa jegang
Nalika cangkem wus ora bisa mangap
Kesumpel swara swarga saka abab
kang wiwit mambu pengap
merga sujude bathuk samburine granat

Oo.. Gusti,
sedabrek Maha-Mu
timbanen mudhun menyang bumi
amrih gawe rasa asih
gilo,
anggitan-Mu wus padha edan
ora gawe katentreman
malah padha dhisik-dhisikan
nyulayani liyan

Benere mung awakke dhewe
yen ana salah kuwi wong liya
kang beda kudu ditekuk
supaya padha kenceng
mlaku bareng
nanging yen ora gelem
pluru climen bisa nancep
sapinggire idep

Oo.. Silire angin sumribrit ing mangsa iki
wus ora isis
kaya nalika aku lungguh sila
sapinggire reca kana
kang dadi sawijining sulihsalira
-Mu


dening : bisri nuryadi

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Geguritan puisi jawa terorisme ora isis"

Back To Top